June 19, 2014

Ari-ari

Tanggal 5 Mei 2014, ponakanku lair, wadon. Sabubare lairan, nalika isih ana ing Klinik, Bapakne nuli njaluk tulung kanggo golek uba rampe kanggo ngubur ari-ari.  Dudu aku sing golek uba rampe kui mau, nanging sedhulur liya maneh. Aku ora ngerti sapa sing akhire mendem ari-ari kui mau, ananging saiki ari-ari kui mau uwis dipendhem ing ngarep omah, sisih tengen omahe kakangku nganti selapan dinane.

Ari-ari, ing budaya daerahku, Ambarawa lan sak kiwa-tengene, isih diupakara kanthi permadi. Ari-ari kui mau dikubur bareng karo uba rampe liyane kayata kembang, dom bolah, potelot, kertas, kaca cermin,  kembang boreh, dhuwit, miri, uyah lan kain mori putih. Sawise dipendhem, tilas pendemane ditutupi  lan diwenehi lampu nganti selapan dinane.  Babagan upa rampe lan lampu kui mau ana kang menehi teges dhewe-dhewe, ananging  dudu kui mau sing kepingin tak lelimbang.

Tumrapku dhewe, mendhem ari-ari kui isih dadi pitakonan. Kena apa kudu dipendem bareng karo ubarampe lan mawa upacara?  Ora kok merga ora gelem, nanging aku kepengin mangerteni luwih adoh maneh. Aku percaya menawa kapitayan lan upacara kaya mengkono kui mau ana gunane tumrape wong Jawa. Amarga kaya mengkono, aku kepengin mengerteni sakdurunge nglakoni, lan supaya bisa urun rembug menawa ana sing takon.  Sing luwih kepengin tak ngerteni yaiku kena apa kok wong Jawa kui ngupakara ari-ari (mbuh dilarung, dipendhem, lan sakpanungale).

Sakjroning  golek pituduh, aku mengerteni menawa  ari-ari kui dianggep sedhulure enom, adhine, manungsa kang bubar lair. Sedulur tuwane, kangmase sing lair kui diarani kakang kawah, yaiku  banyu ketuban kang pecah ndisiki bayi kang lair. Antaraning banyu ketuban, bayi lan ari-ari kui mau dianggep sedhuluran banjur diupakara kabeh. 

Ora ming bayi kang diupakara, banyu ketuban lan ari-ari uga banjur diupakara. Banyu ketuban kang metu ndisiki banjur diwadahi jarik. Amarga banyu ketuban kui mau nglantarake bayi metu kanthi luwih gampang  amarga lunyu, banjur dianggep caraning Gusti mitulungi bocah kang lair.  Menawa bocah bayine lara, sakwektu-wektu banjur diklambeni jarik kui mau minangka sarana disambati supaya bayine enggal sehat. Babagan iki, aku ora meruhi kangmasku madahi ketuban lan nyimpen ana ing jarike.


Adhi ari-ari uga dipakara kanthi permadi minangka sesambatan nalika si bayi meruhi perkara ing uripe. Mula, banjur dipendhem, dilarung, utawa digandhulke. Ing zaman saiki, ana sing nyimpen ari-ari kui mau ing bank kaaran Bank Plasenta. Miturut penelitian, ari-ari utawa plasenta kui pancen salah sijine sel kang paling migunani kanggo manungsa, utamane kanggo ngobati menawa kena penyakit.



Kanthi nglelimbang budaya ngrumat ari-ari, banjur katon: kepriye wong Jawa mengerteni karyaning Gusti ing urip padinan. Srana  ari-ari lan ketuban wae, wong Jawa banjur kelingan marang Gustine. Dudu kok nyembah ari-ari, nanging ari-ari kui banjur dari srana kelingan maneh menawa  Gusti isa makarya srana kabehing titah.  
Sugeng lahir ponakanku: Cathleya! Muga dadi kembang kang endah lan nyunarake kaendahan ing kiwa tengenmu. 






3 komentar:

Unknown said...

Cathleya lair 5 Mei ta? wah, bareng ponakanku, tapi ponakanku wis setaun, jeneng'e Kayden :D

Mahatma said...

hahaha...setahun apa rong tahun?

Unknown said...

rong taun Kak Ndes :)) tante'ne lali ki haha #tepokjidat

Post a Comment

Silahkan berkomentar bila ada reaksi setelah membaca tulisan di atas.
Terimakasih.

Powered by Blogger.