September 24, 2009

apa sing dipengeti ing Riyaya Bakdha ? (latian-3)


Tulisan iki mula bukane saka omongan ing meja makan. Salah sijining kanca menehi pitakonan, kaya mangkene, ”kira-kira, apa sing dipengeti wong-wong ing Riyaya Bakdha iki ?” Akeh wong padha suk-sukan ing bis, kreta lan montor mabur, kabeh kepingin mulih, bali ing desane ketemu sanak-sedulure.

Siji mbaka siji, kanca sing tak takoni menehi panemune dewe-dewe babagan Bakdha (uga simbahku tak takoni). Apa jan-jane sing paling penting ing Bakdha saengga akeh wong Jawa padha mulih saka paran endi-endi lan bali ing desane ? Ana sing ngandakkae menawa ing Bakdha kui akeh wong padha mulih amarga kepingin ketemu sedulur. Bakdha kui ya pengetan kanggo silaturahmi. Nanging, kanca sing liyane banjur takon, apa bener ? Ana uga kang mangerteni menawa Bakha kui ngemu teges ”lebar pasa” (lebaran). Othak-athik gathuk ?

Amarga saya kepengin mangerteni apa sing dipengeti ing Riyaya Bakdha aku banjur takon mbah Google lan nemu artikel sing rada menehi pencerahan. Artikel kui mau ditulis Pak Martin Lukito Sinaga, salah sijining mantan guruku ing STF Driyarkara. Ing kono, deweke nulis menawa bakdha kui ”momen teologis” kang digondeli lan banjur dadi ”momen kultural” saengga dadi pengetane wong sak Indonesia. ”Momen teologis” kang dijentrengke Pak Martin mangkene. Lebaran utawa Bakdha kui didelok saka kacamata iman kapercayan. Ing mangsa Lebaran, manungsa bali ing ”fitrahe”, yaiku kaya rikala manungsa lair. Miturut ”antropologi” Islam, manungsa kui lair kanthi suci, saengga, pasa ing sasi Ramadhan dilakoni supaya manungsa isa bali maneh ing kahanan kaya pas lahir, yaiku asale, fitrahe.

Lha yen ”momen kultural” sing dimaksud kethok rikala akeh wong jawa, lan uga wong sak Indonesia padha tumplek-bleg mulih ing desane dhewe-dhewe, ana sing ”mudik”, nyembayangake leluure ing sareyan. Ing kene, Islam dudu ”identitas” kang misahake saka sing dudu Islam, nanging dadi dalane urip sesrawungan karo liyan. Lebaran, utawa bakdha banjur dadi dalan ”dialog”, utawa ”festival rakyat” mengeti jiwa kang metu saka bentenging agama. Sing mulih lebaran lan mengeti bakdha kui ya dudu ming wong Islam, nanging wis dadi duweke wong Jawa, wong Sumatra, wong Timor, lan sakpanunggalane. Aku dewe uga ngrasakke bakdha sing kaya ngono kui. Saben bakdha, sedulur-sedulur, embuh apa agamane, padha kumpul ing panggonane simbah lan padha kangen-kangenan. Ing kono, dudu agama maneh sing dipengeti, nanging urip iku dhewe.

Sakliyane takon mbah google, aku uga takon karo kanca sing dadi dosen Islamologi, Heru Prakosa(ora ana link-e, salah sijine tulisane ana ing KENE). Deweke njawab menawa Bakdha, utawa lebaran sing rame kaya mangkene kui pancen mung ditemoni ing Indonesia. Ing negara liya, biasane Riyaya Idul Adha dipengeti luwih gedhe tinimbang Idul Fitri. Kui ngemu teges menawa pengetan Idul Fitri utawa lebaran kui wis dadi ”momen kultural”. Kancaku kui mau ngandakake menawa IDul FITRi kui mengeti fitrah (kodrat) manungsa. Kodrat manungsa miturut Islam kui suci, resik. Manungsa lair suci, nanging ing sajrone nglakoni urip manungsa nyimpang saka Qur’an dan Hadith. Supaya resik maneh, manungsa ngakoni reresik kanthi pasa. Ing pungkasane ramadhan, manungsa kui mau bali ing fitrah. Dadi, menawa lebaran akeh wong sing padha ngucapake "Min al-‘Aidin wa Al Fa’izin" kang tegese “mugi-mugi sederek sedaya kalebet ing antawisipun ‘manungsa kang pikanthuk kemenangan’”. Kui ateges, sakwise telungpuluh dina pasa. Sing sok klera-kleru kui migunaake ukara "Min al-‘Aidin wa Al Fa’izin" dipadakake karo tembung “mohon maaf lahir dan batin”. Tembung loro kui mau digunaake urut, dudu ngemu teges sing padha.

Ing panggonan liya, jare kancaku mau, umat Islam sing umume (dudu ing Indoensia), ing wasananing Ramadhan, bakal uluk salam TAQQABALA ALLAH MINNA WA MINKUM kang ateges Mugi Gusti kersaa nampi sedaya upa daya kita lan panjenengan sedaya ing babagan reresik diri.

Lumayan, entuk sithik pangerten babagan bakdha lan idul fitri. Iso dadi sangu kanggo guneman karo kanca kadang sadaya. Muga-muga akeh kanca liyane sing isa nambahi pangerten bab iki.

sumber gambar saka :
http://upload.wikimedia.org/wikipedia/id/thumb/d/d2/Mudik.jpg/800px-Mudik.jpg

2 komentar:

haris said...

saiki dadi penulis jawa ya? he2. hari raya bagi kaum muslim itu semacam momen kemenangan karena telah menjalani ibadah di bulan ramadhan tapi jg semacam kehilangan karena umat islam ditinggalkan ramadhan.

Mahatma said...

iya je, aku tertarik karo sing dilakoni pak Bhe, nguri2 budaya jawa.

Post a Comment

Silahkan berkomentar bila ada reaksi setelah membaca tulisan di atas.
Terimakasih.

Powered by Blogger.