September 07, 2009

bolpoin saka Suwis (latian-1)

Dina iki, ana wong menehi aku bolpoin sing ceklekane empuk tenan, arane CARAN d’ACHE. Lumantar bolpoin kui, aku malah ngalami sing sok dikandakkake babagan paradigm shift.

Ceritane mangkene. Wis patang dina iki, ing ngomahku ana landha loro, lanang wadon, seko Suwis sing nginep. Landha kui isih sedulur karo Rama Casutt, sing manggon sak omah karo aku. Saben dinane, aku mesti tlisiban karo landha kui mau amarga wiwit jam setengah pitu esuk aku kudu wis budhal menyang sekolahan, lha landhane lagi tangi jam setengah wolu esuk. Sorene, aku mulih jam papat lan wis ora weruh landhane kui, mbuh dolan menyang ngendi. Paling-paling, saben mangan bengi, aku ketemu amarga mangan bebarengan wong sak omah.

Amarga seko Swiss, landhane sing lanang ora patiya iso cecala mawa basa inggris, ming nggrungokke. Saben saben, landhane sing wedhok ngewangi sing lanang anggone cecala. Pikirku, jebul ora kabeh landha iso basa Inggris, ming padha karo wong kene. Malah wong Indonesia sing sekolah mesti isa basa Inggris. Apese wong Jawa sing sinau basa Inggris nduwe kaluwihan isa basa luwih akeh, kayata basa Jawa iku dewe, basa Indonesia lan basa Inggris. La, nek wong Suwis kui mau, basa sing dinggo omongan saben dinane basa Jerman-Suwis.

Sanajan ora patiya iso basa Inggris, landha lanang kui mau tansah mesem lan aruh-aruh saben ketemu aku. Amarga aku yo ora iso basa Jerman, lan deweke ora patiya iso basa Inggris, saben ketemu, aku lan deweke ming ketemu guyune. Deweke ngguyu marang aku, aku yo ngguyu marang deweke. Aku ngerteni menawa deweke arep sapa aruh marang aku, semono uga aku. Kadadeyan kaya ngono kui meh tak lakoni saben dina.

Dina minggu esuk, aku sengaja tangi radha awan amarga prei. Jam wolu kliwat sepuluh menit aku medhun arep sarapan. Jebul, ing meja makan wis ana landha loro kui. Wah, iki sing tak tunggu, aku iso sinau omong karo landha langsung, mangkono pikirku. Sambi sarapan aku nyoba ngejak omong landha loro kui. Jebul ora gampang amarga aku dewe ora patiya lancar omong nganggo basa inggris, semono uga landhane. Pating grothal grathul ora karuan, nanging tak kira dheweke yo mudheng sing tak karepke. Akhire, aku bali maneh ngganggo basa eseman.

Ing dina liyane, sing mangan bengi ana ing ngomah ming wong papat, aku, Rama Casutt lang landha loro kui. Ing sakjrone acara mangan, aku ming ngrungokke landha loro lan Rama Casutt dha celathu nganggo basa Jerman-Suwis. Basa Jerman, ing film-film, biasane biasane keprungu kaya suara Jaran. Nanging basa Jerman sing digunaake landha loro kui mau beda, luwih alus suarane. Aku dewe sok-sok ming arep melu ngguyu, nanging luwih akeh bingung, arep melu ngguyu utawa ora, amarga ora mudheng sing diomongke. Iso dibayangke, menawa aku malah sing kaya jaran. Kaping pisan-pindho, Rama Casutt melu nerangake nganggo basa Indonesia utawa Inggris, nangin luwih akeh aku mung anteng amarga ora ngerti sing dikarepke. Kadadeyan kaya ngene iki sing miturutku ora mungkin kelakon ing antarane wong jawa. Menawa ana wong jawa loro lagi omong-omongan lan ana wong liya teka lan dudu wong jawa, mesti wong jawa kui mau enggal-enggal ganti basa lan nganggo basa sing uga dimangerteni wong sing nembe teka mau. Beda karo sing tak alami. Apa iki ateges menawa wong jawa kui luwih gampang nrima tekane wong liya ing antarane ? Ing kene, aku banjur krasa mongkog amarga wong jawa kui jebulane yo nduwe tata cara sing adi luhung yaiku nguwongake. Wong anyar, wong sing dianggep ora ngerti, wong sing bedha, kabeh kui gampang ditrima lan didadekake sedulur amarga diuwongke utawa dianggep uwong. Ewasemono, rasa mongkogku kui ora ngurangi rasa ormatku marang landha loro kui mau.

Sabubare kadadeyan kui mau, aku ora gampang mlebu ing sakjrone omong-omongane wong landha loro kui, paling-paling yo esem-eseman nganti tekan sore mau. Ing acara mangan bengi mau, landha kui menehi bolpoin biru sing tulisane CARAN d’ACHE, swiss made marang kabeh wong sak omah. Bolpoin-e bentukke biasa, malah kaya bolpoin dolanan cah SD. Bali maneh, aku banjur mikir, bolpoin bae kok diwenehake dadi barang kenang-kenangan. Ana ing kene, bolpoin wis akeh lan model-e mawarna-warna. Amarga pancen ora ngerti, aku mesem lan kadha matur nuwun banget amarga wis diwenehi bolpoin.

Ing kamar, aku banjur ngothak-uthik bolpoin kui mau, tak bukak lan tak ilang-iling. Jebul luwih abot tinimbang bolpoin CINA sing mlebu neng Indonesia. Tak coba kanggo nulis lan tak ceklak-ceklekke, jebul luwih empuk lan alus. Wah, bolpoin apik iki. Ora puas, aku banjur nggoleki berita babagan bolpoin mau. Aku banjur takon marang mbah gugle lan nemokae alamat http://www.carandache.ch/m/les-instruments-d-ecriture-et-accessoires/index.lbl Lha dhalah, jebule iki bolpoin apik.

Ing alamat kui mau, ditulis maneka warna babagan merek CARAN d’ACHE ing donya piranti nulis. Jebule iki bolpoin kui mau bolpoin sing khas seka Suwis lan dudu barang pinggir dalan. Aku luwih percaya maneh rikala salah sijining kanca omong menawa bolpoin kui regane menawa dirupiyahke antawis limangatus ewu. Duwit semono kui, menawa dinggo tuku bolpoin sing biasa tak nggo iso entuk 200 bolpoin, nganti sak kemenge tanganku nulis, ora bakal entek. Ora let suwe, aku banjur nduwe pikiran sing liya maneh. Jebule, landha loro kui mau ora ming waton nggowo bolpoin nanging nggawa barang sing pancen dadi barang cirining wong Suwis. Aja-aja iki salah sijining ciri wong landha, ora ngetokake kaluwihan utawa gebyar ing njaba nanging kualitas sing apik. Kayata bolpoin kui mau, bentukke kothak, kaku, dudu bolpoin sing disenengi mata, nanging menawa diilang-iling kanthi teliti, barang kui mau kethok menawa dudu barang sembarang, digawe kanthi tliti.

Pancen beda karo budaya jawa. Wong jawa kui sing penting wujute, blegere lan apa sing kethok ing mata. Sing disawang kethok edi peni, luwih becik tinimbang sing disawang ketok reget lan mboseni. Seko rong perkara, siji babagan wong jawa sing gampang nrima tekane wong anyar lan loro babagan wong landha sing seneng barang miturut gunane, aku mengertening kaluwihan budaya siji lan sijine.

Ing babagan liya ana uga kekurangane budaya, budaya manca lan ugi budaya jawa. Budaya jawa kui ora biasa ngudhal rasa ing ngarepe wong liya utawa ing ngarepe wong akeh. Menawa ora seneng utawa orang cocok, wong jawa ora banjur omong nanging nrima lan nglelimbang, piya carane sing bener lan pener, lan kapan anggone omong karo wong liya. Babagan kaya mengkene iki sing ora gampang dimangerteni wong manca. Semana uga, budaya manca sing ora cepet gampang srawung karo wong anyar kui yo ora gampang ditrima wong jawa sing mesti grapyak lan seneng ketemu owong anyar.
*** gambar dijupuk saka : http://flickr.com/photos/26855267@N05/3170417079/

4 komentar:

blontank poer said...

bensin larang!!!

seneng aku awakmu gelem nulis nganggo Basa Jawa...

Mahatma said...

lha iyo kang,
kanggoku, maca tulisanmu sing thirik-thirik apik marai kepengin sinau nulis nganggo basa jawa.

nurrahman said...

wah mantap, postingane nggo boso jowo akeh tenan...mocone marem...jarang2 podo gelem nulis nggo boso jowo kang :D

Mahatma said...

iya kang !
lagi "terpengaruh" sama kang blonty !
masih semangat untuk menulis nih....
salam.

Post a Comment

Silahkan berkomentar bila ada reaksi setelah membaca tulisan di atas.
Terimakasih.

Powered by Blogger.