November 14, 2012

AYO NDHODHOk


Mbokmenawa, perkara kang arep tak kandakake iki ming perkara kang lumrah nanging ora saben uwong uwis mangerteni. Babagan Ndhodhok kang  bener, sehat lan ora akeh ndadekake bangkekan banjur lara. Perkara ndhodhok iki perkara serius nanging uwis akeh uwong saiki ora seneng lan ora kegladi ndhodhok amarga luwih akeh WC lungguh tinimbang WC ndhodhok . Mangkene ceritane.


Uwis sawetara rong minggu ini, salah sijine kancaku boyoke lara. Aku ora iso mbayangke larane, nanging saben-saben kancaku kuwi arep mbungkuk sithik bae, dheweke mringis kelaran. Ndahiba larane, dheweke kudu terus-terusan nglurusake bangkekane supaya ora mlengkung. Dadi iso dibayangke menawa kancaku kuwi mau ming isa ngadheg lan turu. Menawa saka posisi ngadheg arep lungguh, deweke kelaran. Semana uga menawa seko lungguh arep mapan turu. Bareng ditlusur-tlusur jebul ula-ulane sing bagian ngisor kecethit.Tinimbang ming lora-lora bae gonta-ganti posisi, deweke  mara ing rumah sakit kareben dipriksa. 

Sakwise dipriksa kanthi permadi, nganggo alat MRI, ditemokake menawa ana  bantalan balung kang njepit saraf ing bagian bangkekan.  Wolung dina deweke kudu opname ana Rumah Sakit sakperlu isa terapi saben dinane. Saben  awan, ing bangkekane dipasangi alat kang isa manasi  banjur dipasangi korset kang kenceng lang ditarik-tarik supaya balung ula-ulane sing kecethit kuwi mau iso lurus lan trep maneh.

Dudu babagan kancaku kui mau sing arep tak kandakake, nanging babagan pesenane dheweke nalika aku tilik.  Kancaku mau ngandani piye carane supaya balung ning ula-ula kui ora marai njepit saraf kaya dheweke.  Kancaku kuwi mau jebulane uwis tau suwe mbungkuk nalikane ngresiki jobin kurang luwih setengah dina. Sabubare kui, saben saben mbungkuk lan nggawa barang abot, dheweke kelaran ing bangkekane.  Pungkasane, dheweke ngganti gallon banyu ing dispenser.  Anggone njipuk gallon, dheweke  mbungkuk lan ngangkat gallon mau. Amarga salah anggone golek ancang-ancang,  hasile dheweke kecethit lan dadi “dengkeken”.

Sakwene dirawat ing rumah sakit, dheweke banjur entuk piwarah saka doktere kepriye carane ngangkat barang kang abot. Deweke meling kanthi waspada menawa ngangkat barang kang abot, aja wani-wani ndadekake bangkekan dadi gandulan.  Sing bener nganggo dengkul dadi gandulane. Mulane menawa arep njipuk barang kang abot saka ngisor, aja mbungkuk lan njipuk barang kui mau nanging perlu ndhondhok luwih ndisik.

Keprungu kandahe kancaku kuwi mau,  aku dadi kelingan karo para atlit angkat besi kae. Kareben iso ngangkat barbel kang abot, para atlit kuwi mau uga merlokake ndhodhok luwih ndisik lan ndadekake dengkul dadi pusating kekuatan, dudu boyoke.

Mula, kanggo latian, saiki aku uga kerep ndhondhok menawa arep njipuk barang kang tiba utawa arep nggotong barang kang abot. Monggo sami latian ndhodhok kareben mboten sami  ”dengkeken”. 

12 komentar:

kw said...

hohoooooooo...
sampean apik tenan mas
iso nulis boso jowo .....:)

Mahatma said...

hehehe...lha wong jawa kok, yo nek ora iso isin

aryanto said...

Matur Suwun atas Ilmune

Mahatma said...

@aryanto : sami sami kang...

Chintya said...

Emm ngerti sedikit² hehee ~ tapi kereen.
Lain dari yg lain, pk bahasa jawa :)

Mahatma said...

hahaha...orang jogja kah ? harus tahu dong

slamsr said...

bhaha kok malah mumet ya maca boso ngoko,

Mahatma said...

basa ngoko basa rakyat pak heehehe..

ciwir said...

maca sambi ndhodhok

Mahatma said...

leres ndhodok kemawon

Hari Kristianto said...

kagungan tetenger "atmo" punika ugi kagungan jejibahan nguri - uri kabudhayan jawi, leres mekaten mas atmo ?

Mahatma said...

injih leres mas hari, punika ugi "dalam rangka" nguri2 hehehe...sugeng enjing sugeng makarya

Post a Comment

Silahkan berkomentar bila ada reaksi setelah membaca tulisan di atas.
Terimakasih.

Powered by Blogger.